Saturday 10 September 2016

TUGAS BI SESORAH PENGANTEN (BU CANTIK ADISTI)



KONYE.jpg

NAMA KELOMPOK

1.FERI KURNIA
2.DODI RISTIANTO
3.YUDA PERMANA
4.DIMAS FEBRIANTO
5.DEDI WIDIYANTO

SUMBER KUWARSAN1.BLOGSPOT.COM




TULADHA ATUR  PASRAH PANINGSET
Assalamu’alaikum W. W
Dhumateng panenenganipun para pepundhen, para pinisepuh ingkang satuhu kula bekteni, para tamu kakung sumawana putri saha para pilenggah sedaya ingkang satuhu kinurmatan, para kadang wredha mudha ingkang tansah tinangsulan tangkebing raos pasedherekan ingkang kawula tresnani.
Nun inggih nyuwun pangapunten dene kula kumawantun nyigeg anggen panjenengan sedaya nedhengipun sami wawan pangandikan. Keparenga kula nyuwun wekdal sawetawis inggih saperlu nuhoni awit saking keparengipun Bp/Ibu Bambang sekalian, kinen hangaturaken
menapa ingkang dados pisungsungipun dhumateng ngarsanipun Bp/Ibu Susilo sekalian wonten ing mriki.
Namung saderengipun kula hangandharaken geganthaning sedya, langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan sedaya tansah ngunjukaken raos puja puji dalah syukur wonten ing Ngarsanipun Gusti Pangeran Ingkang Maha Agung, awit peparingipun rohmat saha kawelasan satemah kula panjenengan sedaya saged pepanggihan sapejagong kanthi wilujeng, nir ing sambekala.
Boten katalompen kula sarombongan ugi tansah ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene sowan kula sarombongan ing mriki katampi kanthi sae, satemah saged damel bombing lan mongkog bingahing manah. Wondene ingkang dados wigatosing gati pisowan kula sarombongan inggih menika sepisan kula mundhi dhawuhipun Bp Bambang sekalian ngaturaken salam taklim dhumateng Bp Susilo sekalian.
Dene ingkang kaping kalih, kados sampun dipunkawuningani bilih pun Bagus Haris Wiryanto, putranipun Bp Bambang sekalian sami-sami wonten sesambetaning raos kalian Dyah Ayu Anggraini, putra putrinipun Bp Susilo sekalian.
Awit saking menika, minangka jangkeping tata krami, sarta hanetepi adat idi widana ingkang lumampah wonten ing dusun mriki, kula kinen ngaturaken sawetawis pisungsung minangka tandha tetangsuling katresnan ingkang arupi:
-          Pirantos ngadi sarira abon-aboning busana kagem calon penganten putri, nadyan boten sepintena wujud sarta pangaosipun, ing pangajab sageda minangka tandha kayektosan saking calon penganten kakung.
-          Kalpika rukmi sarakit, minangka tetalining sih sutresna antawisipun penganten kakung lan penganten putri.
-          Arta kathahipun Rp. 2020,00 nadyan boten sepintena, kanthi pangajabing manah mugi sageda anambah racketing raos kekadangan.
Ing wasana, awit samudayannipun sampun kasowanaken wonten ing ngarsa panjenengan, pramila panjenenganipun Bp Susilo utawi ingkang nyalirani mugi kepareng hanampi kanthi lila legawaning penggalih.
Kawula kinten cekap semanten pamatur kawula. Menawi wonten kirang trapsila saha cewet ing atur cupeting basa, kula tansah hanyeyadhong samodra pangaksami.
Kawula akhiri, wabilaitaufik wal hidayah Wassalamu’alaikum W.W




SesorahPranatacara/PranataadicaraPengantin

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun parapepundhen, parasesepuh, parapinisepuh ingkang hanggungmastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi sahakinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing laduni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan.Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahanprasaja ing ratri kalenggahanpunika.
Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja puji santhi wontenngarsaning Gusti Ingkang MahaSuci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesangwonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalihhamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Sugiman sakulawangsa anggenipunhanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
  1. Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putrid mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
  2. Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
  3. Tri laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhi wadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan
  4. Catur laksitagati nderek mangayuh bagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem
  5. Panca laksitagati atur pangbagya harjo panjenenganipun ingkang hameng kugati katur sagung para tamu
  6. Sad laksitagati adicara Bubak Kawah, pun lajengaken Mirunggan / Penutup.
    Paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.
Mekaten menggah reroncening tata adicarapawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wontening palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih,miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambing laras rarasing gending2 jawi.
Nuwun, nuwun, maturnuwun.

Contoh Atur Pambagyaharja Pahargyan Temanten


Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz Ustadzah ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu sabda miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Mboten kesupen, panjenenganipun para kadang pengombyong temanten kakung/putri saking ................................................ ingkang tuhu pantes sinuba sagunging pakurmatan.
Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Nuhoni dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu ................................... ingkang hamengku gati, kula pun ................................... lajeng kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken prentuling parasdya menggah wigatosing pahargyan ing titi kalenggahan menika.
Purwakaning atur, Bp/Ibu ................................................. gotrah kulawarga ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani menapa ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.
Ing panginten, sanggya para rawuh sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pahargyan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi ingkang :
* asesilih Rara Ayu .................................... ingkang sampun kadhaup dening Bagus .................................... putra panjenenganipun Bp/Ibu .....................................
* peparab Bagus .................................. ingkang sampun kalampahan dhaup kaliyan Rara Ayu ...................................... atmaja putrinipun Bp/Ibu ..........................................
ingkang pidalem ing ...........................................................
Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih putra temanten sampun kaakid-nikahaken dhuk kalawau/kalawingi ( enjing/sonten/dalu *) , nuwun inggih dinten ........................... nyarengi surya kaping ........................................ titiwanci tabuh ....................... wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi satataning agami lan negari, kanthi sineksen dening para kadang, saha sanak sedherek, minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing ....................................... kanthi manggih wilujeng tan manggih alangan setunggal menapa.
Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana, Bp/Ibu ........................................ gotrah kulawarga ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya paring sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa kemawon, langkung-langkung pambiyantunipun para warga RT ................ ngriki, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng pahargyan ing kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggemanipun ingkang hamengku gati. Ananging panjenenganipun Bp/Ibu ...................................... mboten kuwawi matur menapa-menapa. Panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin.
Para rawuh para pilenggah ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu Bp/Ibu ......................................... anggenipun angrantam, angreronce, miwah anggantha-gantha pahargyan menika, ananging dhawahipun sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, Bp/Ibu .............................................. sakulawarga namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, para ingkang samya mangun bebesanan tasih nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh mugi keparenga paring puja sesanti mulya tumrap putra temanten kekalih anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin.
Para tamu para pilenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, Bp ....................................... sakulawarga, lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging suba sita, lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sedaya.
Para rawuh, para pilenggah ingkang satuhu luhuring budi, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu ................................................ gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika.
Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur keparenga diagung ing pangaksami.
Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.






Teks Pidato Pasrah Penganten Kakung

pasrah manten
Assalamualaikum Wr.Wb

  • Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur
  • Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepeoyaning kautaman ingkang pantes nampi pakurmatan
  • Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandam-pandoming kawulo dasih.
  • Nuwun inggih para brayat ageng barayo wiro wiyoto wiro tamtomo purno karyo labet projo ingkang sampun wenang nampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyo mulyo.
  • Kunjuk panjenenganipun poro alim para –para ulama, bopo haji saha ibu hajah poro santriwan santriwati ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi, pinangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuing budi.
  • Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo mulyo.
Sang yaning para tamu ingkang tansah pinundi pundi, kawulo nuwun kanti linambaran pepayungipun raos suko sukur dumateng Gusti, mugi rahayu wilujeng sagung ing Dumadi. sak lebetipun wonten ing pahargyan agung prastowo punika.
(setelah mengucapakan puji syukur selanjutnya intinya teks pidato pasrah penganten kakung ada di bawah ini, lanjutkan untuk membacayanya)
Panjenanganipun Bp…(ingkang nampi) ingkang sepindah,wondene wigatosing sedyo sowan kulo wonten ngarso panjenengan ingkang angka pisan ngaturaken sewu pangapunten mbok bilih ingkang hamengku gati…(besan saking temanten kakung) boten sagen masrahaken putanipun calon temanten kakung kapekso namung saged mgatiraken salam taklim mugi katuro dumateng panjenengan sedoyo, ingkan lumantar kawula. mbok bilih anggenipun hangrakit sekar cempoko mulyo, hamiwoho suto mahargya siwi tetepo winengku ing suko basuki.

Jangkep kaping kalih, rehing putra calon temanten kakung nuwun inggih panjenenganipun Bg…..(nama temanten kakung), atmaja panjenenganipun Bp/ibu….ingkang pidalem ing….sampun kelampahan ijab/daup kaliyan Rr….(nama temanten putri), atmojo panjenenganipun Bp/ibu…(orang tua dari temanten putri), kala wau dinten…Surya kaping….( tanggal, bulan dan tahun proses ijab qobul), wanci tabuh ….mapan ing dalem….mriki, kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa.
Mbok bilih sampun titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula pasrahaken, mugi saged katindakaken dhaup panggihipun temanten, anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing padukuhan….(nama desa prosesi acara tersebut)…kula sak pengombong tansah jumurung pamuji ing karso, sinatran puji dongo mugi gusti tansah ngijabahi dumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat engga, tansh manggih guyuo rukun, atut runtut, ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedyo.
Dene ingkang wekasan, sesampunipun paripurnaning pahargyan kula sarombongan pengombyong temanten kakung, kaparengo nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis ing rubedo nir ing sambikolo dumugi dalemipun soang -soang.
Semanten ugi mbok bilih kawula anggenipun minangka talanging basa wonten kekirangan dalasan kaladuk anggen kawula matur, kirang subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah nyuwun lunturing sih samodra pangaksami.Akhirul kalam, wabilahi taufik wal hidayah
Wassalamuaalaikum wr.wb.

Pidato Penampi Pasrah Pengantin Memakai Bahasa Jawa :
Assalamu alaikum wr.wb.
bismillah hirohman nirrohim, Alhamdulillah hirobbil alamin wassolatu wassalamu ala sayidina muhammadin, waala alihi wa askhabihi aj’main ama bakdu. Amiin
Dumateng poro alim soho poro ulama ingkang kawulo hormati,
dumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang kawulo hormati,
dumateng pengiring temanten kakung miwah putri ingkan kawulo hormati,
dumateng sagotrah tamu undangan ingkang berbahagia.
Ingkang ongko sepindah monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Alloh SWT, amargi taksih maringi Rohmat soho nikmat arupi sehat dumateng kulo lan panjenengan sami, sahingga kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan wonten ing majlis puniko. mugi-mugi pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat, fidinnii fidun ya wal akhiroh kususipun dumateng temanten kekalih sumrambahipun dumateng kulo soho panjenengan sami.
Ingkang kaping kalihipun monggo kito tansah ngaturaken solawat soho salam, allohuma soli ala sayidina Muhammad  dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, nabi pungkasan ingkang kito antu – antu syafaatipun benjang ing yaumul akhir.  Amiin
bapak soho ibu ingkang tuhu kinormatan !
Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil tuan rumah, ngaturaken agunge panuwun dumateng sagotrah tamu undangan. amargi panjenengan sami kerso angrawuhi undangan walimatul arsy saking tuan rumah.
Salajengipun kawulo atas nami tuan rumah nggeh ngaturaken sekatahing pangapunten mbok bilih anggenipun nyepaki gupuh lungguh ugi suguh mboten nyocoki dumateng manah panjenengan sami. gupuh ateges didalam penerimaan panjenengan sami mboten sopan, lungguh ateges tempatipun ingkang semrawut kados mekaten, suguh ateges unjukan soho dedaharan ingkang sederhana. sepindah malih kulo atas nami sohibul kajah ngaturaken pangapunten.
Poro rawuh ingkang minulyo
selajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking wali temanten kakung inggih puniko Bapak……. nampi kanti leganing penggalih pasrah temanten saking  Bapak ……., pinongko walinipun temanten putri. nggeh selama temanten kekalih dereng gadah griyo piyambak umpami wonten griyo mriki nggeh tanggungane keluargo mriki umpami wonten mriko nggeh tanggungane keluargo mriko.
Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan
saklajengipun kawulo ugi atas nami sohibul kajah nggeh namung saget ndongaakan dumateng rombongan konco temanten bilih mangke acara sampun paripurno saget kondor tumuju dalemipun piyambak – piyambak mboten wonten alangan setunggal punopo. amiin.
sajake wekdal nggeh sampun dalu cukup meniko ingkang kawulo aturaken, katah ature mesti katah lupute saking kawulo pribadi ngaturan seh samudro pangaksami.
kawulo akhiri, Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr wb

No comments :

Post a Comment